Mengetahui Silsilah Sunan Kalijaga

 
Mengetahui Silsilah Sunan Kalijaga

LADUNI.ID, Jakarta – Di antara sembilan wali yang masyhur, hanya Sunan Kalijaga yang silsilahnya diperdebatkan oleh para ahli. Sebagian berpendapat kalau Sunan Kalijaga itu asli orang Jawa dengan merujuk naskah serat Babad Tuban, dan sebagian berpendapat silsilahnya bersambung kepada Nabi Muhammad saw. melalui jalur Sayyidina Husain bin Ali r.a. berdasarkan kitab-kitab sejarah kaum Alawiyyin.

Sebenarnya ada beberapa naskah kuna Jawa yang merekam silsilah para wali, di antaranya adalah sebuah naskah yang tersimpan di Perpustakaan Negeri Berlin, Jerman. Disana tersimpan satu bendel naskah manuskrip Jawa dengan kode Ms. Or. Fol. 3163 yang terdiri dari beberapa judul serat. Salah satunya adalah serat Silsilah Sunan Kalijaga yang ditulis oleh Raden Ngabehi Sasranagara, seorang patih keraton Surakarta Hadiningrat pada masa pemerintahan Sunan Pakubuwan IX (1830-1893).

Disebutkan didalam serat tersebut bahwa silsilah Sunan Kalijaga itu bersambung hingga Sayyidina Abbas r.a., berikut hasil transkripnya:

Sayiddina Ngabdolah Ashar putranipun Sayiddina Ngabas, puputra Sèh Wais, puputra Sèh Mudakir, puputra Sèh Ngabdullah, puputra Sèh Kuramis, puputra Sèh Ngabdullah, puputra Sèh Makrup, puputra Sèh Ngaripin, puputra Sèh Kasannudin, puputra Sèh Jamal, puputra Sèh Ahmad, puputra Sèh Ngabdullah, puputra Pandhita Kurammès, puputra Sèh Ngabdurrahman, dados adipati ing Tuban, nama Arya Tèja, puputra Arya Tèja Laku punggawa ing Majapahit, puputra 2: (1) Arya Lembu Sura bupati ing Surabaya, (2) Dèwi Umuni kagarwa Prabu Brawijaya kaping II dèn lih nama Dèwi Panurun.

Arya Lembu Sura bupati ing Surabaya, puputra 6: (1) Arya Nembé punggawa ing Majapahit, (2) Arya Lembu Sana bupati ing Surabaya, (3) Arya Kendhi Wiring punggawa ing Majapahit, (4) èstri nama Retna Panjawi kagarwa dèning Sang Prabu Brawijaya kaping III, (5) Arya Sendhi punggawa ing Majapahit, (6) èstri nama Dèwi Surati pakantuk Panji Suralaya.

Arya Nembé punggawa ing Majapahit, puputra 2: (1) Arya Tèja adipati ing Tuban, (2) Arya Danu punggawa ing Majapahit.

Arya Tèja adipati ing Tuban, puputra 6: (1) Pangèran Ibrahim ing Garesik, (2) èstri pakantuk Susunan Majagung nama Rara Johar, (3) Rara Manik pakantuk Pangèran Molana Mahrib, (4) Rara Nila kasebut nama Nyai Ageng Manila pakantuk Susunan ing Ngampèl Denta, (5) Rara Pakaja pakantuk Raja Pandhita Ngali Murtala ing Garesik, (6) Tumenggung Wilatikta ing Japara, lajeng puputra 3: (1) èstri pakantuk Arya Timus, bupati ing Japara, (2) Susunan Kalijaga, (3) nama Radèn Wujil.

Susunan Kalijaga puputra 5: (1) èstri nama Ratu Pambayun, kagarwa Sultan Demak wekasan, (2) èstri nama Ratu Panenggak pakantuk Kiyai Ageng Ngerang putranipun Buyut Ngerang, (3) nama Susunan Adi ing Kalijaga, (4) Pangèran Samudra sinaré ing Redi Sari tanah Sèrang, (5) Sèh Ngabdurrahman ingkang minggah kaji.

Susuhunan Adi ing Kalijaga puputra 2: (1) Ratu Mas ing Kadilangu, (2) Susunan Adi Kadilangu, puputra satunggal Susuhunan Ngadilangu sèda ing Kanitèn, puputra satunggal Panembahan Ngadilangu sèda Kepuh puputra satunggal, nama Panembahan Natapraja ing Ngadilangu, puputra 2: (1) èstri pakantuk Panembahan Wijil Kadilangu, (2) Pangèran Natapraja ing Ngadilangu.

Putra èstri ingkang pakantuk Panembahan Wijil ing Kadilangu, puputra 2: (1) Pangèran Wijil sèda ing Kartasura, (2) Radèn Ayu Danupaya.

Pangèran Wijil sèda ing Kartasura puputra satunggal nama Pangèran Wijil Inthik-Inthik, lajeng puputra 2: (1) Pangèran Wijil kaping IV, (2) Radèn Kusuma.

Pangèran Wijil kaping IV puputra 5: (1) Pangèran Wijil kaping V, (2) Tumenggung Mangkupraja ing Demak, (3) Radèn Ayu Kaji Sumenep, (4) Radèn Ayu Kertadipa, (5) Radèn Wirakusuma.

Pangèran Wijil kaping V puputra Pangèran Wijil kaping VI puputra Pangèran Wijil kaping pitu sapunika.

(Ngabèhi Sasranagara)


Ket.

  •  (1) Di dalam serat lainnya, nama Sayiddina Ngabdolah Ashar = Sayidina Ngabdullah Asghar = Sayidina Abdullah bin Abbas = Sayidina Ibnu Abbas.
  • (2) Di buku-buku sejarah Walisanga yang beredar, disebutkan bahwa Raden Samudra adalah Raden Umar Said alias Sunan Muria yang dimakamkan di Gunung Muria Kudus. Namun dalam naskah ini disebutkan ada salah satu putra Sunan Kalijaga yang bernama Pangeran Samudra yang dimakamkan di Gunung Sari tanah Serang.
  • (3) Di naskah lain, contohnya serat Wiradikrama, terdapat nama Muria atau Murya atau Muryapada yang silsilahnya tidak berhubungan dengan Sunan Kalijaga, melainkan bertautan dengan Raden Ali Rahmat alias Sunan Ampel, wallahu a'lam.

Makaten, mugi-mugi wonten manfaate, nuwun.

#SeratSilsilah #SunanKalijaga #RamadhanBerkah